Sesorah



SESORAH PENGETAN DINTEN KAMARDIKAN INDONESIA

Assalamu’alaikum Wr. Wb
            Puji syukur katur dumateng ngarsanipun Allah SWT dening siang menika kula lan panjenengan sedaya taksih pinaringan widodo wilujeng lir sambekolo. Wonten ing wekdal siang menika kula lan panjenengan sedaya saged sesarengan mengeti dinten kamardikan sampun uwal saking penjajahanipun Walandi.
            Wonten wekdal kang sae menika, monggo kula lan panjenengan sesarengan mengeti perjuangan para pahlawan ingkang sampun gugur amargi badhe ngrebat kamardikan saking para penjajah. Para pahlawan rikolo wekdal semanten sampun berjuang lan berkorban nyowo lan bondho kagem nggayuh kamardikan. Nanging perjuangan para pahlawan ingkang sampun gugur mbonten muspro, amargi rikolo dinten Jumat 17 Aguatus 1945 wanci tabuh 10 siang Indonesia saged memproklamirken kamardikan uwal saking penjajahan.
Kanthi kamardikan ingkang sampun saged kula lan panjenengan gayuh, bangsa Indonesia saged merdiko nemtokaken nasib lan panggayuh minuju masyarakat adil lan makmur kang adhedhasar Pancasila. Tugas kula lan panjenengan minongko generasi penerus kedah njagi kamardikan kanthi ngisi kamardikan. Kamardikan saged dipun gayuh amargi para pahlawan langkung ngutamiaken kepentingan sesarengan mboten ngutamiaken kepentingan piyambak, utawi golongan. Kanthi meniko, monggo kula lan panjengan tansah ningkataken raos manunggal, guyub, wonten masyarakat, bongso lan negari supados panggayuhan kamardikan saged kaleksanan.
Monggo kula lan penjenengan sedaya sami manjataken donga dumateng Allah SWT, mugi-mugi arwah para pahlawan ingkang sampun gugur dipun tempi kaliyan Gusti kang murbeng dumadi, dipun tampi sedaya amal kesaenanipun, lan dipun apunten sedaya kalepatanipun. Mugi-mugi kanthi pengetan dinten kamardikan meniko, kula lan penjenengan saged langkung tresna dumateng para pahlawan, tanah air, lan bongso.
Cekap semanten ingkang saget kula aturaken ing siang menika. Kirang langkungipun kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb 

0 komentar:

Posting Komentar

Copyright 2009 Color In My Life. All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates